SEJARAH NABI MUHAMMAD SAW

Nabi kita iku Muhammad arane
Bangsa arap cedak quraisy dukuhane
Ramane jeng Nabi iku Abdulloh
Lan aminah ibune jeng Rosulillah
Lahire jeng nabi iku ana makkah
Dina isnain wulan maulud tahun gajah
Tanggal 12 waktu subuh kang mencorong
Klawan bersih pupak puser sarto jongkong
Bakdo wahing maring alloh sarta angganda
Wangi ngandung ngratani kabehe tangga
Lan suara tanpa rupa pada bengok
Iki bengi nabi muhammad wis katok
Kanjeng nabi lahir kurang rong wulan
Ramane wis sedo ana ing palungan
Ingkang momong lan nyusoni lan kang nginyun
Nyai Hhalimah ing zaman patang tahun
Nuli nyai Halimatu Sa’diyah
Pasrah maring Aminatu Zuhriyah
Naliko jeng Nabi umur nem tahun
Di ajak lungo ibune nyang pasarehan
Nuli mampir yang omahe permiline
Ing madinah banjur mulih sak putrane
Ana salah siji desa aran Abwa’
Ibune jeng Nabi sedo kang mendadak
Kanjeng Nabi di jak mulih klawan aman
Oleh embahe ingkang gendong Ummu Aiman
Kanjeng Nabi umure wolung tahunan
Kiyahi Abdul Mutolib sedo pisan
Banjur derek ingkang paman Abu Tolib
Nganti umur 50 tahun klawan klawan tertib
Umur 12 Kangjeng Nabi di jak lunga
Pinanggihan karo suwiji Pandito
Buhairo iku arane pendita
Paring dawuh becie sira baliyo
Naliko jeng Nabi umure selawe
Lunga meyang syam perlune nyambut gawe
Siti Khodijah kang duweni dagangan
Wongkang jembar turkang sugih sarto loman
Di derekno bature aran Aisarah
Hasile akeh pujine Alhamdulillah
Bakdo iku Kanjeng Nabi terus rabi
Oleh Siti Khodijah kang alus budi
Naliko jeng Nabi umur patang puluh
Malaikat Jibril teka ngasto dawuh
Saking Gusti Alloh maring Kanjeg Nabi
Unine Isro’ Bismirobbikal Ladzi      
Bakdo iku Kanjeng Nabi terus giyat
Nyiarake Agamane Dzat kang kuat
Gusti Alloh paring dawuh ngelakoni
Sholat limang waktu saben rina wengi
Suwene Jeng Nabi mimpin rakyat Makkah
13 tahun nuli pindah nyang Madinah
Krano negoro Madinah iku aman
Masjid Langgar jejer-jejer piggir ratan.


Tidak ada komentar: